Mbiyen….
Nalikane negara iki merdeka
Nalikane ancas lan cita-cita
Dadi salah sawijining paugeran urip
Nalikane pancasila esih ditrepake
Ing tindak-tanduk laku manungsa
Nalikane pemimpin sami brayan
Karo rakyat mikirna negara
Negara sing jarene makmur
Nanging saikine ajur
Negara sing jarene sugih
Nangin akeh wong pada klantih
Negara sing jarene sejahtera
Nanging mayarakate esih akeh sing pada urip sengsara
Saiki Jepang wis dadi bala
Landa wis dadi tangga
Masyarakat sing sugih
Sengsaya sugih
Lan sing mlarat sengsaya mlarat
Guyub rukun wis dilalekna
Sing ana saiki
Wong mlarat di cuthat-cuthat
wong fakir diusir-usir
Wong gedhe mikirke awake dewe
Wong sugih anane do pamrih
Korupsi do di belani
Mbok yo podo elinga…
Sopo to awakmu?
Nang ngarsane Gusti,
Kabeh manungso kuwi podo
Podo ngertiya….
Negara sengsaya ajur,
Mergane akeh wong pada ora jujur
Sapa saiki sing arep ndandan iki kabeh??
Minggu, 09 Desember 2012
Kesejahteraan Sing Kaya Apa???
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar